PendidikanTelkom University

Mahasiswa Telkom University Bandung Nyiptakake Gelang Pendeteksi Tsunami – Tribun Jateng

TRIBUNJATENG.COM, BANDUNG – Mahasiswa lan dosen saka Telkom University Bandung nyiptakake gelang pendeteksi tsunami.
Gelang sing digawe saka sensor ultrasonik iki, diklaim bisa ngganteni alat pendeteksi sing wis ana yaiku buoy.
Gelang pendeteksi tsunami iki digawe dening rombongan, yaiku pitu mahasiswa lan siji dosen saka Program S1 Studi Teknik Telekomunikasi, Fakultas Teknik.
Para anggota tim yaiku mahasiswa Yasyfa Rifiani Putri, Muhamad Ridwansyah, Nur Rizki Rahmatulloh, Reyhan Fajar Nasution lan dibimbing dening dosen Harfan Hian Ryanu.
Baca juga: Ana Trik Verifikasi Wajah Driver Nganggo Topeng, Iki Tanggepane Gojek
Baca juga: Kuliner Legendaris Semarang Tahu Pong Karangsaru
Baca juga: Rame Kabar BSU Guru Honorer Cair September 2021, Iki Pamanggihe Kemendikbud 
Baca juga: Kepala OJK Jember Njajal Pinjol, Nemokake Praktik Apus-apus, Bunga Dhuwur Nganti Tampane Dhuwit Beda
Kapethik saka Kompas.com, ketua tim Yasyfa Rifani Putri crita wilayah Indonesia sing akeh wisata bahari lan nduweni potensi gedhe anane tsunami dadi sebab dheweke lan kanca-kancane nggawe alat iki.
Ngenani konsep gawene alat pendeteksi tsunami, critane Yasyfa, kui nggawa teknologi Long Range (Lora) jenenge Gelora sing manfaatake glombang frekuensi 921 nganti 923 MHz.
Cara kerjane, sensor ultrasonik sing dadi alat ukur jarak surut banyu pinggir segara dikirim ning gateway nganggo teknologi Lora.
“Kami membuat alat pendeteksi tsunami versi kami sendiri dengan menggunakan sensor ultrasonik dalam mengukur jarak penyurutan permukaan air.
Hasil ukur tersebut lalu dikirim menuju gateway menggunakan teknologi Lora,” ujare, Jumat (17/9/2021).
Banjur gateway nerusake data server kanggo monitoring.
Nalika pinggire banyu segara utawa permukaan air laut surut, server bakal ngirimake data nganggo Lora sing wujude notifikasi kaya ta teks lan suwara marang pengguna gelang nalika arep ana tsunami.
Yen kadadeyan tsunami bakal teka, pengguna gelang isa nglakoni evakuasi sautara 15 nganti 20 menit.
Ora mung ndeteksi nalika meh ana tsunami, gelang iki uga isa ngrewangi tim penolong kaya ta Tim SAR nalika luru para korban tsunami.
Merga gelang iki dilengkapi sensor pendeteksi jantung sing isa nudhuhake panggonan para korban sing bener-bener mbutuhake pitulungan cepet.
“Di waktu yang sama setelah gelang berbunyi, gelang akan mengirim data lokasi untuk pelacakan dan monitoring detak jantung ke gateway yang nantinya data ini bisa diakses oleh lembaga yang bertugas pasca bencana seperti tim SAR dan lainnya,” kandhane.
Gelang pendeteksi tsunami iki, saiki isih tahap penyempurnaan lan bakal dikembangake supaya isa terintegrasi saka mobile aplication.
“Saat ini juga gelang ini masih dalam tahap penyempurnaan dan rencananya akan dikembangkan untuk terintegrasi dengan mobile application serta mitigasi bencana lainnya dan semoga bisa menjadi alat yang berguna,” pungkase.
(*)

source

PuTI

https://it.telkomuniversity.ac.id

Related Articles

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back to top button